Ninit Putry Sagita & Niken Sulastri Membaca Geguritan di Rumah Kreasi Palar


#RumahKreasiPalar Ninit Putry Sagita & Niken Sulastri Membaca Geguritan di Rumah Kreasi Palar Ninit Putry Sagita, pembaca geguritan "Ki Hajar Dewantara" Niken Sulastri, pembaca geguritan "Ibu" Pembawa Acara: Dika Agung Nugroho dan Yesy Enggar Wijayanti
Produksi PALAR TV Indonesia 2019 ------------------------------------------------------------------------------ "Ki Hajar Dewantara" Karya: Bisri Nuryadi Ing adheme hawa Walanda Sira panggah netepi setya Nyawiji ing ngilmu Ngugemi ing laku Nyerat ing saben-saben wektu Nalika ati krasa krungu swara jerite sedulur Ing lemah Pertiwi Sira gumregah greget Bali ing desa mijilmu Nuswantara Suwardi suryaningrat Kondhang kanthi asma Ki Hajar Dewantara Putra kraton sugih bandha brana Milih dadi satriya lelana Manunggal sajroning rakyat jelata Gugur dadi pahlawan Negara Minangka Bapak Pendhidhikan Bangsa ------------------------------------------------------------------------------ "Ibu" Karya: Yossanti Tresna asih ibu Ora ana kang bisa ngganteke Kesabaran ibu kang kebak wutuh Ora bisa daklaleke Do’a ibu kang tulus tansah ngiringi awakku pengorbanane kang tanpa wates ora bisa winales Ibu . . . pituturmu bakal dakrungu tresna asihmu marang aku ora bakal puput Pandongaku ibu… Muga Gusti tansah nyembadani

Komentar